SEKILAS INFO
11-01-2026
  • 6 bulan yang lalu / PANDUAN MPLS TAHUN AJARAN 2025/2026 KLIK PENGUMUMAN TERBARU
  • 6 bulan yang lalu / Aturan prosedur dan juknis klik https://sleman.spmb.id/020101/aturan
  • 7 bulan yang lalu / SISTEM PENERIMAAN SISWA BARU (SPMB) TAHUN AJARAN 2025/2026 klik menu SPMB
28
Feb 2022
0
SMP Negeri 4 Pakem Eksis Ing Gladhi Kawruh Basa Jawa Kab Sleman
Foto  : Syakira Marsya T, Almira Lintang, lan Hilda Shierly nampi piala lomba gladi kawruh

SMP Negeri 4 Pakem – Sekolah berkarakter juara menika sampun makaping-kaping pikantuk juara ing tahun 2022 sinaosa nembe mlebet wulan kaping kalih. Ing wekdal menika, para siswa tumut lomba ing bidang basa lan budaya Jawi.

Tim saking SMP Negeri 4 Pakem menika antawisipun Syakira Marsya T, Almira Lintang, lan Hilda Shierly ingkang dipunapingi dening dwijanipun inggih menika Ibu Hilma Oktaviana Fajrin tumut Gladhi Kawruh ing dinten Kemis, 24 Pebruari 2022. Gladhi Kawruh menika dipunadani dening Dinas Pendidikan Kabupaten Sleman kanthi tema “Profil Pelajar Pancasila kagayuh kanthi lantiping Budaya Jawa”.

Ingkang tumut Gladhi Kawruh menika wonten 48 SMP ing Kabupaten Sleman. Dipunwiwiti Babak Penyisihan inggih menika mangsuli 40 pitakenan kanthi dipunserat, wekdalipun 60 menit. Saking babak menika dipunpendhet gangsal sekolah ingkang bijinipun paling inggil. SMP Negeri 4 Pakem mlebet tiga ageng ing babak penyisihan menika kanthi biji ingkang sami saking tigang sekolah menika.

Dipunlajengaken babab final kanthi pitakenan wajib, pitakenan uncalan, lan ingkang pungkasan pitakenan rebutan. Ing babak menika tim SMP Negeri 4 Pakem pikantuk juara harapan I.

Selamat ya anak-anakku. Mugi-mugi tambah seserepan lan tambah semangat kangge sinau malih. Matur nuwun sampun damel aruming nama sekolah”, ngendikanipun Bu Hilma minangka pembimbing.

“Matur nuwun ibu bapak guru ingkang sampun paring panjurung dhateng kula sakanca. Sasampunipun tumut lomba menika kula remen amargi pikantuk pengalaman lan ngelmu enggal, ugi boten ngira menawi kathah sekolah ingkang tumut. Para pasarta sanesipun sami semangat, kula ugi semangat. Mugi-mugi ing wekdal sanesipun saged pikantuk asil ingkang langsung sae”, atur Hilda Shierly salah satunggaipun pamupu tim SMP Negeri 4 Pakem. (Hlm)

Data Sekolah

Sekolah Berkarakter Juara!

NPSN : 20401090

Jalan Kaliurang KM. 17, Sukunan, Pakembinangun,
KEC. Pakem
KAB. Sleman
PROV. Daerah Istimewa Yogyakarta
KODE POS 55582

Arsip

Kategori

  • Panduan layanan melon, klik disini

Pengumuman Terbaru

Jadwal 12-16 Januari 2026

Jadwal 5-9 Januari 2026

Jadwal 15-19 Desember 2025

Jadwal 8-12 Desember 2025

JADWAL PELAJARAN 1 -5 DESEMBER 2025

SOAL TO TKA 25 NOVEMBER 2025

HASIL TRYOUT TES KEMAMPUAN AKADEMIK (TKA) 6 SD/MI SELASA 25 NOVEMBER 2025

JADWAL PELAJARAN 24-28 NOVEMBER 2025

KONTAK KAMI

Jalan Kaliurang Km. 17, Sukunan, Pakembinangun, Pakem, Sleman, D.I.Y 55582
Telepon (0274) 895487
Laman www.smpn4pakem.sch.id; Surel smpn4_pakem@yahoo.co.id

Rincian Pengunjung

Total 61192 4333022
Today 162 703
This Week 1680 75975
This Month 2478 347095